Kamis, 02 Oktober 2014

LATIHAN SOAL 10


Bahasa Jawa
KELAS VIII
1.      Ing ngisor iki minangka ciri-cirine parikan, kajaba...
A.    Kadadean saka rong ukara
B.     Saben saukara dumadi saka rong gatra
C.     Nggunakake purwakanthi guru swara
D.    Ukara kapindho Minangka pambuka,ukara kapisan minangka isi
2.      Jinising tembung garba ana telu kaya kang sinebut ing ngisor iki, kajaba...
A.    Tembung garba sutra-ye
B.     Tembung garba sutra –wam
C.     Tembung garba warga-h
D.    Tembng garba warga-wam
3.      Yen, deleh barang sing ati-ati lho, bocah kuwi...
A.    Dawa tangane
B.     Dawa irunge
C.     Dawa rambue
D.    Dawa sikile
4.      Gandnhenge swara (vokal) sing manggon ing mburi karo sing wis kasebuting ngarep diarani...
A.    Purwakanthi guru sastra
B.     Purwakanthi guru swara
C.     Purwakanthi basa/lumaksita
D.    Purwakanthi basa krama
5.      Puisi Jawa gagrag anyar sing ora kaiket guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu, nanging isish ngugemi anane rasa kaendahan diarani...
A.    Parikan
B.     Geguritan
C.     Tembang
D.    Macapat
6.      Theklek kecemplung kalen
Tinimbang golek, aluwung balen
Parikan kasebut dhapukane yaiku...
A.    3 wanda + 5 wanda (x2)
B.     4 wanda + 6 wanda (x2)
C.     Ukara kapisan lan kapindho ora padha wandane
D.    Ukara sepisan 4 wanda + 8 wanda, ukara kapindho ora padha wandane
7.      Wong duwe masalah sepele wae kok wis arep bunuh dhiri. Dadi manungsa ku mbok aja...
A.    Tipis lambene
B.     Gedhe endase
C.     Cupet nalare
D.    Dawa ususe
8.      Cacahe gatra (baris) saben sapada ing tembang macapat diarani...
A.    Guru basa
B.     Guru sastra
C.     Guru gatra
D.    Guru wilangan
9.      Tembung sing tegese ora sawantahe/ora salugune diarani tembung....
A.    Camboran
B.     Saroja
C.     Entar
D.    Garba
10.  Jembar segarane duweni arti...
A.    Gedhe rumangsane
B.     Gedhe kekarepane
C.     Gedhe pangapurane
D.    Gedhe atine
11.  Cacahe wanda (suku kata) saben sagatra ing tembang macapat diarani...
A.    Guru sastra
B.     Guuru gatra
C.     Guru lagu
D.    Guru wilangan
12.  Kembang adas, sumebaing tengah alas,
Terusane sing cocogyaiku...
A.    Tiwas-tiwas nglabuhi wong ora waras
B.     Tiwas nggagas, sing digagas wong ora waras
C.     Tiwas nggagas, sing digagas wong sing ora waras
D.    Tiwas nggagas, sing digagas wong gendheng ora waras
13.  Yen micara marang bapak utawa ibu (wong tuwa) becike nggunakake basa...
A.    Ngoko lugu
B.     Ngoko alus
C.     Kram lugu
D.    Krama alus
14.  Basa ngoko sing kacampuran tembung-tembung krama inggil tumrap wong sing diajak guneman diarani basa...
A.    Ngoko lugu
B.     Ngoko alus
C.     Krama alus
D.    Krama lugu
15.  Jinise wangsalan ana...
A.    2
B.     3
C.     4
D.    5
16.  Wedharing wcana mulya, yaiku mangsa ke....
A.    3
B.     5
C.     9
D.    10
17.  Balung janur, nyata sira minangka usada yaiku...
A.      Klobot
B.      Sawang
C.      Sada
D.      Cicak
18.  Sarpa belang,...
Tutuke yaiku...
A.    Yen lali nuli elinga
B.     Elinga kabeh piwulang
C.     Sugih miskin wis ginaris
D.    Aja mingkar ing ubaya
19.  Tembung loro utawa luwih sing digandheng dadi siji sarana nyuda cacahe wandane, diarani tembung...
A.    Saroja
B.     Garba
C.     Macapat
D.    Entar
20.  Omongane mencla-mencle diarani...
A.    Lunyu ilate
B.     Dawa tangane
C.     Jembar segarane
D.    Gedhi ndase

1 komentar:

  1. Permainan live casino sudah menjadi permainan yang tidak bisa lepas dari game judi online, merupakan permainan yang asik dan menghibur dengan dealer cantik yang selalu siap online 24 jam dalam melayani permainan para member yang bermain dalam live casino online terpercaya di Zeusbola.

    Zeusbola juga menyediakan bonus yang menarik untuk anda
    •bonus new member
    •bonus cashback
    •bonus harian
    •promo deposit pulsa tanpa potongan
    •promo rutin dari provide game

    Dan masih banyak promo lainnya.

    Minimal deposit 50 ribu saja!
    segera daftar lansung dan dapatkan bonusnya!

    INFO SELANJUTNYA SEGERA HUBUNGI KAMI DI :
    WHATSAPP :+62 822-7710-4607


    BalasHapus